Crita Cekake: Sugeng Kariyodiharjo
Srengenge wis padhang ngenthar-ngenthar, wiwit bar subuh isih durung menyat saka lungguhe, dheweke mung tansah dhelog-dhelog lungguh kursi neng emper ngarep. Mikirake Hapsari -- anake wedok sing siji ndhil ora ana tunggale. Sekolahe mono pancen ya dhuwur wong ya lulusan pawiyatan luhur – Unair - perguruan tinggi sing kondhang neng Surabaya. Rak ya dhuwur tenan ta . Anak wedok sithok di gadhang-gadhang ing tembe mburine bisa ngopeni yen dheweke wis tuwa. Bisa dingengeri yen wis ora kuwat nyambut gawe. Satemene mono pak Harja pensiunan pegawe negeri. Dadi thithik-thithik ya duwe bayar dhewe, thithik-thithik ya duwe pengasilan dhewe dadi ora bakal ngrepoti anak putu.
Nalika isih cilik didama-dama , dilela-lela, digadhang-gadhang supaya yen wis gedhe bisaa njunjung drajate wong tuwa. Saben dina tansah dijaga, dikempit ngalor ngidul aja nganti ketaman lelara. Gawang-gawang isih kelingan neng angen-angen patlikur taun kepungkur, cumithak neng pikiran ngendikane pak Modin nalika disuwuni tulung paring ular-ular nalika anak wedok iki disepasari, dipepuji muga-muga dadia wong sing soleh lan solihah migunani tumrap bangsa lan negara.
Nalika mlebu sekolah, saben esuk wis dicepaki sarapan. Awan wayahe mulih saka sekolahan gage-gage diptehuk. Buku-buku dicukupi. Pokoke sakabehe kebutuhane sekolah aja nganti nguciwani. Bu Harja uga asring nemoni guru-gurune mbokmenawa ana prekara ana ing sekolahan, anake wedok sitok iki aja nganti ngisin-isini. Semono uga nalika Apsari kuliah.
Sing saiki dipikir ora prekara sekolah, nanging anggone milih bakal jodhone. Pak Harja wektu iki wis duweni angen-angen, wis nduweni pilihan calon mantu. Rumangsane anggone milihake jodho wis pas. Calon mantune mau ya nggantheng, bagus, anake wong cukup ya wis cekel gawe pisan. Calon mantune nyambut gawe dadi Angkatan Laut. Pangkate ya ora endhek banget ning ya ora dhuwur banget - sersan – apa isih durung cukup? Kanggone pak Harja ya wis matur nuwun banget. Cara bobot, bibit, bebet ya wis timbang. Pak Harja dhewe biyen mung anake kopral. Kopral jaman revolusi, kopral jaman perjuangan. Pak Harja wis manteb banget marang bakal mantune sing Angkatan Laut iki. Dhasare tingkah lakune ya becik, tindak-tanduke ora nguciwani, marang wong tuwa kurmat. Apa ora seneng?
“Ngaten pak, menawi mangke kula tamtu jodho kalih adhik. Sedaya wragad lan bea kuliahipun kula tanggung. Upamia mangke es satune sampun mantun lajeng badhe nglajengaken sekolah malih kula inggih sagah ngentosi, ” kandhane calon mantune nalika anake wedok isih kuliah biyen. Anake wedok dhewe wis dilamar, dheweke ya ora nolak, bareng ditari wangsulane mung nggah-nggih wae.
Apa ya ora seneng nduwe calon mantu sing tanggung jawab? Jejere wong tuwa tansah ngrenahake supaya anak bisa urip kepenak, ora bakal wong tuwa arep njlomprongake anake. Paribasan sagalak-galake macan ora bakal nguntal gogore. Sanajanta pak Harja pegawe negeri, nanging mung golongan loro. Pira ta bayare pegawe negri golongan loro? Kanggo nyekolahake nganti rampung kuliah rasane wis menggik menthol. Yen wis wayahe mbayar SPP mloya-mlayu golek utangan mrana – mrene, golek sabetan ngalor ngidul. Upamane mung kanggo mangan wae lan mbayar SPP ne wae kira-kira wis cukup. Ning kanggo tansportasi saben dinane, mangkat mulih mbemo, tur ora mung sa jalur, kudu ganti bemo ping telu saben budhal menyang kampuse, durung mengko yen wayahe mulih. . Apa maneh yen wis wayahe praktek, beaya praktek kudu ditanggung dhewe. Arep nukokake pit montor ya dhuwit saka ngendi? Arep melu kredhit pit montor isih kudu nyicil omah. Mula ya angen-angen kredhit pit montor kandheg neng angen-angen.
Calon anak mantu wis meh saben dina dolan menyang omah. Dadi srawunge calon mantu karo kulawarga ya wis apik, malah sedulur-sedulure, wong tuwane - calon besan - ya becik. Kanca-kanca kantor ya akeh sing ngerti yen bakal mantune pak Harja iku sersan. Kanca kantore pak Harja apa dene kanca kantore calon mantu wis akeh sing ngerti. Yen pinuju ketemu ana kantor, calon mantu padha diguyoni kancane , “Kae lho Man, calon maratuwamu tukokna rokok. Mosok wiwit mau mung meneng wae,”mangkono kancane anggone ngguyoni. Kaya dikongkon wae calon anak mantu banjur kluyur-kluyur menyang kantin tuku rokok. Apa yen kaya mengkono ora seneng ?
Dina iki Hapsari lagi kena godha. Budhal nyambut gawe ana dalan digodha karo bocah lanang. Pancen ya lumrah bocah lanang kepingin kenal banjur nggodha karo bocah wadon. Saben liwat dalan iku bocah lanang wis nyegat ana ndalan. Suwe-suwe Hapsari rumangsa risi, banjur kandha marang bapake.
“Ngene lho ndhuk. Ya pancene kowe saben dina kowe digodha, kowe ngomonga karo calon masmu. Wong kowe ya wis dilamar. Ya mengko kareben diterake. “
“Mas rak nyambut gawe pak,”
“Ya kandhaa wae. Yen kowe digodha.”
Temenan sorene calon mantu teka menyang omahe pak Harja kaya biasane. Hapsari banjur kandha .
“Mas, aku lho saben dina digodha bocah. Aku risi, mas,” kandhane Hapsari menyang calon mantu.
“Sapa dhik ?”, pitakone
“Pokoke aku saben mangkat utawa mulih nyambut gawe mesthi dicegat lho mas.”
“Ya, gampang mengko coba dak delenge.”
Wiwit dina iku saben mulih saka kantor Hapsari mesthi diawat-awati dening Sumantri. Sedina rong dina ora ana kedadean apa-apa. Ganep dina kang katelu bocah sing biasane nggodha saka kadohan wis ketok ngadeg neng pinggir dalan. Bareng wis cedhak wiwit nggodha.
“Mulih dhik ?” pitakone marang Hapsari.
“Inggih mas, “wangsulane Hapsari nanggapi pitakone.
Sangsaya suwe anggone nggodha sangsaya nemen. Malah wani nyekel-nyekel tangan barang. Hapsari njerit. Saka mburi Sumantri sing wiwit mau nginthil lakune Hapsari enggal tumandang menehi pitulunngan.
“Culna !! pakone Sumantri santak , “Ora gelem ngeculke dak tempiling mengko!,” guneme Sumantri sereng.
“Ngapa kowe ngganggu aku ? Iki rak pacarku,”
“Apa ? Pacar?. Iki wis dak lamar ,”
Ora mung cukup omongan wusanane wong loro mau tukaran, antem-anteman. Leren anggone tukaran jalaran dipisah wong sing ana sakiwa tengene kono.
Suwe saka kedadean iku, ana owah-owahan sing ora sabaene, paribasan mbalik satus wolung puluh drajat , salin slaga, malik grembyang. Saiki Hapsari wis ora gelem nemoni maneh yen Sumantri mbeneri dolan menyang omahe pak Harja. Malah wis nate kawetu tembunge yen ora seneng karo Sumantri.
Jejere wong tuwa mangerteni anake nduweni kelakuwan sing nganeh-nganehi dadi bingung, ora ngerti apa sing arep ditindakake. Atine sumpeg. Ing sajroning batin thukul pitakonan werna-werna, apa kena oyod mimang? Pak Harja rumangsa isin karo calon besan sing nitip-nitipake anake, uga rumangsa isin karo kanca-kanca kantor. Kabar wis kadhung sumebar teka ngendi-endi. Mula banjur golek rekadaya kepriye bisane anak wedok bali kaya wingi uni.
Saben dina anake wedok tansah ditutur-tuturi, yen ora pak Harja dhewe ya bojone. Disrengeni bola-bali ora mempan, dituturi ora pasah , nganti judheg atine. Pak Harja banjur golek rekadaya liya. Saben ana wong tuwa ditekani dijaluki tulung supaya nambani (yen kena diarani lara ) anake wedok. Saben wong pinter diparani dijaluki donga supaya bisa waras. Anggone nekani wong tuwa, wong pinter, wong ngerti ora mung siji loro. Yen dietung kira-kira wis rong puluh enggon. Ya yen mung sakutha. Ana wong kandha neng Majakerta ana wong pinter, diparani. Neng Lamongan ana wong tuwa, diparani, neng Jember ana ngerti diparani. Sampeyan bisa ngira-ira pira enteke dhuwit kanggo nekani wong pinter mau. Paribasan entek ngalas entek ngomah. Sanajanta kaya mengkono durung ana sudane. Jibeg rasane.
Nuju sawijining dina anake wedok kandha :”Pak aku tak matur ya pak, ning aja disrengeni.”
“Arep kandha apa ?
“Sesuk sore bapake Mas Sus arep tindak mrene, arep nglamar.”
“Mas Sus iku sapa?” pitakone pak Harja.
“Mas Sus iku lho pak, sing gawene nyegat aku neng dalan.”
“Sing ditempilingi masmu biyen ?”
“Iya.”
Krungu kandhane anake wedok sing mengkono rasa atine pak Harja kaya disamber gelap, mung bisa sambat :” Dhuh Gusti, nyuwun ngapura,” banjur semaput ora eling apa-apa.
Sumber:
http://ppsjs.blogspot.com/2010/05/calon-mantu.html
No comments:
Post a Comment