Monday, July 12, 2010

FALSAFAH "OJO"

Masyhuri:
Teman2 ysh,
Falsafah berikut ini masih relevan nggak ya:
. Ojo dumeh
· Ojo deksiyo
· Ojo ngongso
· Ojo keminter
· Ojo gumunan
· Ojo kebat kliwat
· Ojo waton suloyo
· Ojo rumongso biso
· Ojo kumalungkung
· Ojo nggege mongso
· Ojo milik darbeking liyan
· Ojo adigang, adigung, adiguno
· Ojo kumingsun sopo siro sopo ingsun
· Ojo kumo wani, keladuk wani kurang dugo
Kalau nggak tau artinya mohon bantuan mas STW untuk menterjemahkan.
wassalam,
mhr

Sudarmanta Tri Widada:
Mas Masyhuri dan sahabat2 TeladanJOG70 semua,
Saya mencoba merespon email mas Masyhuri ini sabagai berikut :
1. Yang paling pas “njlentreh-kan “ falsafah ini adalah komandan kita rama Edhi Martono karena sekurang-kurangnya :
- Beliau sejak lahir hingga kini tinggal dilingkungan berbahasa dan berbudaya Jawa
- Beliau pengguna aktif bahasa Jawa baik lisan maupun tulisan, dalam khutbah2 beliau, dalam acara keluarga / social ( RW, mantenan, pranata adicara , dll. ) dan penulis artikel dalam majalah bahasa Jawa di Yogyakarta dan Jawa Tengah
- Beliau mempunyai “hobby” dan kemampuan nguri-nguri kabudayan Jawa
- Dll.

2. Saya ( sudah sejak th. 1984 meninggalkan lingkungan ber-budaya dan berbahasa Jawa ) sudah agak “grothal-grathul “ berbahasa Jawa, kosa-kata Jawa yang saya kuasai tidak bertambah, tidak terasah karena faktor lingkungan, dalam beberapa hal mungkin malah berkurang dibanding ketika masih tinggal di Yogyakarta dan sekitarnya ( anakku wae ora isa omong Jawa kabeh, walau kami – saya dan isteri pengguna aktif bahasa Jawa di rumah )

3. Saya berpendapat falsafah yang diaturke mas Masyhuri ini masih relevan dan tetap relevan dalam kehidupan yang baik, sejalan dengan ajaran agama dan ajaran moral untuk dapat menjaga pergaulan antar manusia yang baik.

4. Saya ingin merespons tentang transkripsi penulisan kata-kata berbahasa Jawa , khususnya yang berkaitan dengan bunyi “ nglegena “, bunyi “ a “ dan bunyi “ o “, sebagai berikut :

- Pada saat saya sekolah di SD, guru bahasa Jawa saya memberikan “tip” bagaimana men-transkripsikan kata-kata Jawa dalam tulisan Latin, dengan menambahkan bunyi “ e “ atau “ ne “ pada kata-kata tersebut ( penambahan bunyi “ e / ne “ tidak selalu mempunyai arti,namun dari “ rasa bahasa “ kita akan dapat menentukan bagaimana bunyinya kemudian ). Bila bunyinya berubah menjadi bunyi “ a “, maka kata-kata “ nglegena “ tersebut ditulis dengan huruf “ a “. Namun bila setelah ditambah bunyinya tetap berbunyi “ nglegena “, penulisan menggunakan huruf “ o “. Sedang kata-kata berbunyi “ o “ jelas ditulis menggunakan huruf “ o “

- Contoh :
Kaya ( seperti ) -à kaya-ne ( bukan “ koyo-ne )
Raja ( King )-à raja-ne ( bukan “ rojo-ne )
Lara ( sakit ) -à lara-ne ( bukan “ loro-ne )
Gombong ( wetan Koreya ) -à Gombong-e
Gambang ( tunggale saron ) àGambang-e
Saron ( tunggale gambang ) à saron-e
Laron ( gurih nek pun digoreng )à laron-e ( bukan “ larane “)
Bojo loro padha lara sambate ngaruara -à bukan “ Bojo loro podho loro sambate ngaruoro “
…………..dan seterusnya dicoba sendiri

- Dengan tips ini maka traskripsi falsafah yang diaturke mas Masyhuri tadi menjadi :
· Ojo deksiyo à Aja deksiya
· Ojo ngongso à Aja ngangsa
· Ojo keminter à Aja keminter
· Ojo gumunan à Aja gumunan
· Ojo kebat kliwat à Aja kebat kliwat
· Ojo waton suloyo à Aja waton sulaya
· Ojo rumongso biso à Aja rumangsa bisa
· Ojo kumalungkung à Aja kumalungkung
· Ojo nggege mongso à Aja nggege mangsa
· Ojo milik darbeking liyan à Aja milik darbeking liyan
· Ojo adigang, adigung, adiguno à Aja adigang adigung adiguna
· Ojo kumingsun sopo siro sopo ingsun à Aja kumingsun sapa sira sapa ingsun
· Ojo kumo wani, keladuk wani kurang dugo à Aja kumawani , keladuk wani kurang duga
( penulisan nama orang suku Jawa yang lazimnya ditulis menggunakan huruf “ o “ walau berbunyi “ nglegena “ sudah “ salah kaprah “ ( walau “ salah “ tapi sudah “ kaprah “ , ya uwis…..Saya sendiri kerap dikira orang Sunda dari tulisan nama saya, walau nama saya bukan nama suku Sunda….:-D)

5.Terjemahan dan “ werdi –ne “ falsafah Jawa ini kita tunggu pencerahan dari nDan EdMArt, tanggung jossss….!
Wassalam,
Sudarmanta Tri Widada ( tidak pakai sandhangan, nglegena, ote-ote deh )

Edhi Martono:
Halah, rama Darmanta pintere anggone endha ...
Yang nomer satu itu meski alasane bener, kesimpulane ora patiya. Saya itu cuma pandhemen basa Jawa, ya ngerti sithik-sithik marga tinggalane wong tuwa-tuwa biyen mongsok ora ana sing ngopeni.

Yang kedua, weh--kesimpulane kleru lho. Durung mesthi sing tambah adoh saka tlatah Jawa budaya Jawane ilang. Nyatane saya punya teman asmane rama Hardjasusila MA. Daleme biyen ana Manoa Road, Honolulu, Hawaii. Lha budaya Jawane kebak mencep tur peres wong panjenengane iku dosen Musikologi University of Hawaii, ngajari mahasiswa dadi niyaga lan waranggana ...

Lha nomer tiga lan sekawan kula cocog sanget. Sepindhah panci leres bilih menapa ingkeng dipunaturaken kangmas Masyhuri menika taksih wonten ingkang nguri-uri lan nerasaken, senadyan langkung kathah malih ingkang sampun kesupen utawi malah dereng nate mireng. Kaping kalihipun, panci leres ngeja tembung Jawi menika kalebet boten gampil, amargi cara pangejanipun awis-awis dipunterangaken, sarehdene sabageyan ageng waosan wontenipun mawi Bahasa Indonesia. Ejaan ingkang dipunaturaken mas Sudarmanta menika ejaan baku Basa Jawa, sasampunipun wongsal-wangsul dipungantos lan dipunsampurnakaken. Saksanesipun gantosing aksara uni (huruf hidup), saweneh aksara pejah (huruf mati) ugi dipundamel benten, kadosta sotho lan soto, padha lan pada lsp.

Dene manawi bab werdinipun utawi suraosipun ukara ingkang kaajengaken dening kangmas Masyhuri, sejatosipun taksih kathah ingkang kaangge ing bebrayan Jawi. Namung manawi kanggenipun para kadang anem, para mudha tumaruna, adatipun sampun boten dipungatosaken, amargi sampun kapejahan obor blarak, sampun kecalan enggok, langkung pana lan langkung katrem dhumateng ukara saking budaya sanes ...
Mila samangke nyuwun gunging pangaksami rumiyin, bab anggenipun mbikak werdi lan suraosing ukara kasebat, sekamat-kamat badhe kulasuwunaken rembag dhumateng ingkang langkung bantas ngelmunipun ...

1. Aja dumeh -- Ini ungkapan/frasa yang paling banyak dijumpai dan banyak kita dengar. Kalau Sala dan sekitarnya mungkin lebih kenal "dupeh", atau "peh" saja. "Dumeh" menunjukkan 'kemumpungan' kita: dumeh sugih terus ora gelem tepung tanggane sing mlarat, dumeh pinter ora gelem kumpul karo sing bodho, dumeh bagus terus ngalor-ngidul adol bagus ... Jadi falsafah "aja dumeh" hakekatnya mengingatkan kita untuk selalu andhap asor, tidak merasa mumpung memiliki kelebihan lalu dipakai menindas yang lain.
Jelas ini nilai norma yang tinggi, nganti saking dhuwure ora bisa diranggeh ...

2. Aja deksiya utawi aja degsiya (sigeg g menika sigeg "lebet", dipun dhawahaken wingking cethak, dene sigeg k langkung cethek, contonipun bedhag lan bedhak, lha benten). Degsiya menika wengis, bengis terutama terhadap sesama makhluk hidup (gampang mara tangan maupun menyakiti hati). Degsiya bisa fisik bisa psikis. Wong degsiya iku seneng yen kancane susah, susah yen kancane seneng.

3. Aja ngangsa, jangan rakus. Wis duwe sing apik isih kepengin luwih apik maneh, kamangka kiwa-tengene malah akeh sing ora duwe. Greedy, nuruti pepenginane dhewe, menghalalkan segala cara untuk kepuasan diri, apa-apa arep dihaki dhewe. Kacariyos nalika sang hyang Wenang anyipta tigan kangge momong jagad, pecahing tigan dados cahya tiga: kuningipun dados Manikmaya, pethakipun dados Smarasanta, cangkang utawi kulitipun dados Antaga. Saking tetiganipun wau sanghyang Antaga ingkang watekipun ngangsa: gunung lan redi badhe dipunkuwaosi, dipun tadhah kalamangsa, dipun emplok sakathah-kathahipun , saengga risak kawontenan badanipun, tutukipun dados amba njeplak lan lathinipun dawir panjang. Mila lajeng kadhawahaken dhateng marcapada, kanti sesilih kyai Togog, wondene Smarasanta dados Semar lan Manikmaya dados bathara Guru. Demikian gambaran seseorang yang "ngangsa" ... Ora sah percaya banget-banget wong mung dongeng, ingkang baken punpendhet sarining cariyos.

4. Aja keminter, mingsed saking tembung "kuminter", tegesipun boten purun mangertos dhumateng bodhonipun, tidak mau tahu dirinya bodoh, merasa lebih pintar dari yang lain-lain--lhaa, keminter. Temtu kemawon boten prayogi, amargi miturut Chin Yong, Gan KL utawi Kho Ping Hoo (ingkang lajeng dipunsitir kaliyan almarhum WS Rendra), "di atas langit masih ada langit". Senadyana sampun "boen bu ciat thian, bun boe coat thay"--pandai dalam ilmu surat dan ilmu silat, taksih badhe wonten ingkang ngungguli. Aja keminter!

5. Aja gumunan. Gampang terheran-heran itu penyebab lengah. Gampil gumun menika ngicalaken kawaspadan. Kamangka kita tansah dipunsuwun "sing eling lan waspada". Maka jangan mudah terheran-heran jika sebab-musabab tidak diketahui. Dunia adalah tempat segala macam kemungkinan, manusia diciptakan 'Laqodkholakna' l insaana fii aghsani ta'wiiim", tetapi juga "tsuma radzatnaahu 'asfala saafiliin". Bisa mencapai derajat yang paling tinggi, tapi juga dapat terpuruk ke lembah yang sedalam-dalamnya, segelap-gelapnya. Jadi, jangan heran--itu semua sudah menjadi nas AlLah swt, dan hanya yang "alladzina amanu wa amilu sholihat" yang akan "falaahum ajr'um ghoirun man nuun".

6. Aja kebat kliwat -- jangan terburu-buru sehingga meninggalkan yang pokok/penting. Kebat itu menyegerakan, sedang kliwat itu maknanya "ada yang terlampaui", kosokbaline (lawan kata, antonim) adalah sareh, sabar, alon-alon nganggo digagas dhisik ... Biasanya kata-kata "kebat kliwat" dilanjutkan dengan "gancang pincang". Jadi "Aja kebat kliwat, aja gancang pincang". Alon-alon, waton klakon (kanthi apik, ora mung anggere klakon thok!)

7. Aja waton sulaya -- sulaya itu potensi konflik, sedang konfliknya sendiri istilahnya pasulayan. Oleh karenanya, jangan menciptakan potensi konflik, asal berbeda, asal tidak sama dengan yang lain, waton seje, waton beda. Ini petuah (dari kata Arab "fatwa", kata Allahyarham pak Edi Tomo dulu) khas negeri agraris, karena di negerinya petani yang dicari adalah keseimbangan kosmos, antara dunia "kita" dengan dunia "luar", jadi ra sah neka-neka, aja waton ngeyel, waton wani, waton wae ...

8. Aja rumangsa bisa -- merasa yang paling bisa. Petuah Jawa biasanya disusun berpurwakanthi (literally, "kata tersambung", misalnya sama bunyi akhirnya, sama awalnya, berturutan, bolak-balik dst), Biasanya menjadi purwakanthi "aja rumangsa bisa, nanging bisaa rumangsa". Jangan merasa selalu atau paling bisa, tetapi jadilah orang yang bisa berperasaan, "nduweni rasa-rumangsa" .

9. Aja kumalungkung -- "Lungkung" atau kata tanduk kriyanya (kata kerjanya) "nglungkung" ("anglungkung" ) bermakna menganggap dirinya lebih. Ater-ater atau awalan "kuma" itu memberikan sifat kepada seseorang--meski sesungguhnya belum tentu sesuai. Contone, wani -- kumawani (orang yang nekat2an berani, bukan karena sungguh-sungguh berani). Ater-ater "kuma" ini satu kelompok dengan "kapi" dan "kami" (kapidara, kapiluyu, kamitenggengen, kamisosolen) . Aja kumalungkung- -jangan sombong, jangan suka menganggap orang lain keciiil, tidak berarti.

10. Aja nggege mangsa -- jangan tidak sabaran, belum waktunya sudah dikejar2 dan ditangkap. Kesusu, durung mateng, isih kemampo wis diundhuh. Manusia memang suka nggege mangsa, makanya diingatkan "Wal ashr', innal insaana laa fii khusr". Waktu hanya akan menimbulkan kerugian--kecuali bagi yang memenuhi kriteria tertentu. Bentul, jadi syarat dan ketentuan berlaku, ora angger uwong isa, niyat dha sakkarepe dhewe. Dha nggege mangsa.

Makaten rumiyin. Sanes wekdal kasambet malih. Manawi wonten galap-gangsul utawi lepat-klentu ingkang kasengaja utawi boten, ingkang kathah pangapunten. AlhamdulilLah mesisan kagem sangu kita sami ngajengaken wulan Ramadhan.
Nuwun
edmart

1 comment:

  1. Terima kasih, artikelnya.
    Mohon bantuan terjemahan dari falsafah: "Ojo kumo wani, keladuk wani kurang dugo à Aja kumawani , keladuk wani kurang duga"

    ReplyDelete