Wednesday, July 7, 2010

ASMARADANA


Inu Wicaksana:

Katur putra putrinipun kangmas Herbud :
Gegarane wong akrami
Dudu banda dudu rupa
Namung ati pawitane
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel sakalangkung
Tan kena arta
Artinya:
Hakekat orang berumah tangga
Bukan krn harta atau rupa
Kasih sayang itulah modal dasarnya
Sesekali salah sesekali benar
Bila mudah terasa sangat indah
Bila sukar terasa sangat susah
Tak dapat dibeli dengan harta benda (uang).
Lha nek sing nembangke maca pat ya mas Sudarmanta lan Marsito wae. Mesti ngesss...joss
Nah, salam
IW
6 juli 2010

Edhi Martono:

Mas Inu, mas Marsito, utawi malih mas Herbud sekaliyan lan penganten:

Ingkang dipunaturaken mas Inu menika panci salah satunggaling pupuh Asmarandana ingkang misuwur sanget, mboten namung kangge nuturi panganten enggal, nanging ugi tumrap soksintena ingkang badhe yasa lan mbangun balewisme.

Namun kemawon menapa ingkang dipunaturaken mas Inu taksih kirang sapada (setunggal larik, satu baris). Dene pada ingkang pungkasan taksih kirang kalih wanda (dua suku kata). Kawuningana, tembang macapat menika aturanipun baken, Asmarandana gadhah guru wilangan (cacahing wanda, jumlah sukukata) ingkang ajeg sami saben sapada utawi salarikipun, makaten ugi guru lagunipun (dhawahipun suwanten ing pungkasaning pada, suara huruf hidup pada akhir baris). Asmarandana menika pathokanipun 8-i, 8-a, 8-e, 8-a, 7-a, 8-u, 8-a.Mila ingkang kaaturaken mas Inu wujudipun lajeng kados makaten:

Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kalangkung
Tan kena tinambak arta

(Pangkal penting orang menikah
Bukan harta bukan wajah
Hanya hatilah modalnya
Sekali maju langsung kena
Dianggap mudah memang mudah
Dikatakan sulit, tak ada bandingnya
Tak dapat dibentengi uang)

Dene manawi mas Marsito ngendika bilih pada pungkasan suraosipun "tan/kena/tinumbas/ arta", kula langkung remen mawi pada ing nginggil, "tan/kena/tinambak/ arta". Boten namun kangge tumbas, arta kangge nambaki kemawon boten badhe saged/cekap manawi sampun sami cocog lan tresnanipun. .. Lha kanti makaten, balegriya ingkang kabangun insya AlLah saged estu sakinah, mawaddah lan rohmah ... Makaten mbokbilih, manawi wonten lepat-klentu ingkang kathah pangapuntenipun ...
edmart

Sudarmanta TW:
Ma nDan Ed, ma Inu, ma Marsito ,ugi ma HerBud,
Kula nderek pikantuk tuntunan saking pakar, matur nuwun, dadosa tambahing sangu gesang.
Jenang sela wader kali sesondheran
Wassalam
STW

Sudarmanta TW:
Nyuwun pirsa ma Ed,
"Luput pisan kena pisan "
- sekali maju langsung kena
Punapa sanes :
- bisa luput, bisa kena
dipun gandhengaken pada saklajengipun :
"Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kalangkung "
Lajeng tapsir " arta kangge nambaki kemawon boten badhe saged/cekap manawi sampun sami cocog lan tresnanipun"
punapa mboten njarwani pada pungkasan " Yen angel angel kalangkung ", jarwanipun " nek silaning akrami nemahi sing angel, ditambak-a muthig sak gunung Uhud nggih mboten saged "
Mila...pada setitia yen arep nambut akrami, lahir-batos, insyaAllah Pinaringan sakinah-mawaddah- warahmah ..( Niki nggih kudu ndika jlentrehke ma, misih saaangat-sangat relevan juga untuk kita2..)
Paring injet ma, nek kula atur iwak sepat...he.. he..
Wassalam,
STW

Edhi Martono:

Rama Dar:
Wee lha, dhawah kaleresan. Estu, luput pisan kena pisan ugi gadhah werdi "bisa luput, bisa kena", langkung trep katimbang maju sepisan terus kena. Dereng temtu! Mila gampil suwe mijet wohing ranti, angele gampang ngukir lan njara langit, pungkasanipun: ora kaya-kayaa anggone ngragadi, nek wis angel kelangkung ditambakana dhuwit sak gudhange paman Gober mokal kelakone ... Lha, inggih makaten rama Dar. Nuwun
edm

No comments:

Post a Comment