Friday, December 24, 2010

Sekar Dhandhanggula Samiaji

Yang Uti Surya:
Sobat-sobit tercinta,
Berikut saya post kembali 5 pupuh Sekar Dhandhanggula anggitan Rama Ngabehi STW yang dipergelarkan di Reuni Joglo Samiaji Juni tahun lalu.... bikin trenyuh... Mas Djendro, mohon di upload di Blog nggih....
Salam, ss

Rama Ngabehi STW:
Assalamu'alaikum ww Eyang Uti Surya, alhamdulillah, ujug-ujug jengandika re-posting sekar punika, paring atur ?

Kagem mas Djendro ingkang kaparingan amanat Eyang Uti, niki wonten sing mboten komplit, ditutupi kalih Eyang Surya. Kula jangkepi malih yen ndika badhe up-load :

" Anggitanipun KOLABORASI stw kalihan Eyang Putri SURYAWATI "

Sekedar mengenang ulang :

- Ide : Suryawati
- Draft : STW
- Ngaluske lan ngendahke tembung : Suryawati
- Nembangke sak derenge dados final : Suryawati ( nganti klelegan cecak barang jare..he..he..sing dong ming aku karo Eyang Ti...)
- Ada-ada pementasan : Suryawati
- Nutup sekaran kanthi laras Banjet : Suryawati

Nuwun,

STW

Sekar Dhandhanggula Samiaji
(anggitanipun Rama Ngabehi Sudarmanto TW kalian Yang Uti Surya)




1
Puja lan Puji konjuk ing Gusti,
Allah kang tansah paring nugraha, Lumintu paring nikmate,
Dumateng umatipun,
Berkah sehat kamulyan urip,
Sumilir datan kendha,
Rinten tuwin dalu,
Paring rahmat mring sadaya,
Saged guyub rukun samya angrawuhi,
Pasamuwan minulya.

2
Tigang dasa warsa tan pinanggih,
Sami ngudi ilmu lan makarya,
Kagem ing nusa bangsane,
Atur piwulang luhur,
Darma ngabekti mring nagari,
Jejer nayaka praja,
Undhagi wus tamtu,
Para ahli pangusada,
Taksih kathah samubaranging profesi,
Tumraping Nuswantara

3
Sareng sami pepanggihan malih,
Raos kapang trenyuh kang rinasa,
Gumbira jroning kalbune,
Panggih mitra sabangku,
Ugi kadang sinarawedi,
Emut Guru sutrisna,
Ingkang paring ilmu,
Wulang wuruk suba sita,
Kangge sangu lelumban jroning ngaurip,
Bebrayan tinuladha.

4
Dungkap yuswa pitung windu yekti,
Kamulyaning gesang wus ka arsa,
Kedhaton paribasane,
Gusti paring rahayu,
Kalenggahan wibawa mukti,
Wisma turangga brana,
Kadonyan satuhu,
Atur puji lan pandonga
Dumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi,
Amrih tansah raharja

5
Wonten malih kang langkung wigati,
Mangga kita samya mesu raga,
Ngudi sucining jiwane,
Ngathahke darma agung,
Angresiki olahing batin,
Mungkurke padhang donya,
Miwiti lelaku,
Gya kondur ing kalanggengan,
Manggih kabegjan urip tuhu sejati,
Wonten ing swarga loka.

No comments:

Post a Comment